PopAds.net - The Best Popunder Adnetwork

Masrahaken Manten

Oleh : Drs.KRT.Rudi Haryadi Ningrat 

Assalamuallaikum,

Nuwun kulanuwun,

Mboten wonten ingkang pantes kula aturaken dhateng Pangeran kajawi namung panuwun syukur  awit namung saking pangayoman lan panuntunipun , kula saget  hanglajengaken Seratan ingkang sampun kula aturaken ing Edisi: V  Wulan Januari kepengker, kula mboten ngrumpaka namung sedaya pengalaman sinau ing lapangan lan tukar kawruh dateng para kanca ing pawiyatan, inggih sedaya kalawau namung kepingin saget nderek cawe-cawe sampun ngantos Basa Jawi musna saking madyaning babrayan.

Ing tuladha punika kula mboten ngginakaken Basa ingkang ndakik sarta muluk hananging namung ngginakaken tembung/ukara lan basa  alus ingkang dhawah tengah-tengah ingkang prayogi,laras, leres, gampil dipun mangertosi sarta saget katampi  ing tengahing bebrayan. Tuladha punika sampun wonten ewah-ewahan ingkang tumuju dateng kasampurnan  ing pangangkah saget nambah wawasan satemah dados jejering tiyang ingkang hanggadahi jiwa budaya jawi,lan saget kangge gegaran/jejangkep/cepengan/ancer-ancer  pandhapuking/pangrakiting ukara. Lan sedaya tuladha pasrah punika gaya/versi Jawi Tengah, amargi saderengipun sedaya tatacara dipun wiwiti para pandapuking pamong/panitia pawiwahan dalah ingkang masrahaken lan ingkang nampi sampun koordinasi rumiyin.[ benten kalian adat jawa timur ] Pramila mbok menawi wonten ingkang mboten trep nyuwun pangapunten [ Red. Basa Jawa timuran:> keranten mboten nyeceki ]

Tuladha :                                        
PASRAH  CALON  MANTEN  BADHE  IJAB

Ass Wr Wb,
Nuwun, kula nuwun ,

Panjenengan Bpk. Drs.Sunoto.  minangka sesulihipun Bpk. Drs.Fadholi  [ ingkang kagungan damel ] ingkang winengku ing karahayon.
  1. Sakderengipun kula matur esthining sedya, langkung rumiyin  kula derekaken tansah manengku puja,manengku puji wonten pangayunanipun Gusti ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun paring kawilujengan sarta kasarasan mliginipun sedaya barokhah,hidayah, lan  Innayahipun.
  2. Sholawat sarta salam kaaturaken dateng Kanjeng Nabi  ingkang sampun paring pitedhah agami ingkang wonten gina lan manfaatipun kangge pagesangan kula lan panjenengan ing bebrayan.
  3. Panjenengan Bpk . Drs.Fadholi  ingkang winantu ing suka basuki. Kula ingkang sampun kapiji dening kadang kula sepuh Kangmas.Mohammad Shodiqin , saperlu    

Sepisan : Ngaturaken salam taklim/salam wilujengipun saking panjenengan Bpk/Ibu.Mohammad Shodiqin  [ saking Kesamben Ngoro ] dateng panjenengan Bpk. Drs.Fadholi  ingkang lenggah ing perumahan  PGRI Jombang  kanthi ngucap: …………Ass Wr Wb .

Kaping kalih: Netepi rancangan ingkang sampun gumathok dening para kawogan, mbok bilih samudayanipun ingkang magephokan kalian ijabipun penganten sampun siaga ing gati lan satata, sumangga mangsa borong ijab penganten saget dipun lajengaken .

Kaping tiga: Nglarapaken, Masrahaken anak kula Calon Penganten kakung ingkang nami pun: Bagus  Raden Ahmad Sisworo .S.Pd.  wonten ngarsa panjenengan Bpk. Drs.Fadholi  ingkang badhe kadhaupaken kalian putri panjenengan ingkang nami: Dyah Ayu Rara. Nanik Sudaryati.S.Pd.

Ing saklajengipun Bpk/Ibu.Mohammad Shodiqin namung saget paring panjurung donga dateng calon penganten kekalih lan kulawarganipun mugi tansah pikantuk rokhmad saking Gusti ingkang akarya jagad, tansah manggih widada nir  ing sambikala mboten wonten halangan setunggal menapa ,

Ing Wasono/pungkasan mbok menawi wonten cicir cewet lan kuciwaning atur, anggen kula matur wonten ngarsa panjenengan, kula tansah nyuwun agunging samudra pangaksama.

Nuwun, nuwun matur nuwun,
Wass Wr wb



 Tuladha:                     
* PASRAH  MANTEN  RIKALA  PANGGIH*

Ass Wr Wb,
Nuwun, Kulanuwun,

Panjenengan Bpk..Drs.Sutrisno Afandi  minangka sesulihipun Panjenengan Bp. H.Nurkam Masykur   ingkang winengku ing sedaya pakhormatan.
  1. Katentreman , Kasugengan, kagunganipun Gusti mugi kasarira dumateng kula lan panjenengan  sedaya lan saget  hangluberana  dateng  samudayanipun  pramila langkung sae menawi kula lan panjenengan  tansah  saget  ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun.
  2. Sholawat lan salam kaaturaken dateng junjungan Nabi Muhammad. Saw  ingkang  sampun maringi sedaya tuntunan  agami  ingkang sae kagem pagesangan  kula lan panjenengan ing salebetipun kulawarga sarta ing bebrayan.
  3. Kanthi linambaran trapsila ing budi, sakderengipun kula nyuwun pangapunten bilih marak sowan kula sinaraya kinen matur  dateng Bpk. H.Nurkam

sepisan : Ngaturaken salam wilujengipun saking panjenengan Bpk.Drs.H.Bambang heriyanto.MSi  Sekalian Ibu, katur panjenengan  Bpk.H.Nurkam Masykur  sekaliyan Ibu, kanthi ngucapaken …… Ass Wr Wb

Kaping kalih: Nglarapaken, penganten ingkang sapunika sampun jangkep sajodho, awit sampun nindakaken ijab kanthi cacatan sipil ing dinten Kamis,suryo kaping 10 Nopember 2012 kepengker , lan sampun pinaringan wilujeng tanpa pambeng lan rahayu tanpa reridhu, yuwana widada nir ing sambekala mboten wonten halangan setunggal  menapa,. wondene  tatacara panggih lan tatacara adat kejawen sanes sanesipun mangsa borong dipun sumanggaaken.

Ing salajengipun sapunika kula pasrahaken dateng panjenengan anak kula pun: Bagus Raden Ahmad Sisworo.SPd.  anggenipun ngendikani, suka piwulang lan mituturi, ndidik utawi nggulo wentah murih lestari widada anggenipun jejodhohan, sageto mbangun bale wisma sarta saget manggihi kulawarga ingkang  sakinah, mawadah warrohmah, langkung-langkung pikantuk ridhaning Gusti Allah ingkang maha mirah, tansah rukun, runtut lan atut, wohing atut mugi pinaringan patutan putra ingkang hanung haninditya> tegesipun putra ingkang saget sae tata lahir lan bathosipun, saget mituhu dateng Rama Ibu, saget langgeng tutug trah tumerah lantaran turun anggenipun sami bebesanan.

Ing wasono cekap sematen anggen kula matur, kula sapangiring sakulawarga/sapangombyong wonten kiranging tatakrami lan nalisiring kasusilan ingkang njalari kirang renaming penggalih panjenengan, kasuwun halapang jaja, hangluberana agunging samudra pangaksama. Lan sapengker kula sakanca mugi rahayu widada ingkang sami pinanggih, kula nyuwun palilah lan nyuwun pamit.

Nuwun,
Wass wr wb,

                                        
KRT.Rudi Haryadi [Kasumbul para kulawarga] Rikala nindaaken tatacara Hanampi pasrah  ijab  ing Kitha Surakarta Hadiningrat.

*) Guru Penjasorkes SMPN 1 Mojowarno.

Editor : Rahmat Sularso Nh.
Sumber Foto : pencarian google
Sumber : Majalah Suara Pendidikan Edisi VII - Maret 2013 [suarapendidikan.com]

Share to :

Facebook Google+ Twitter Digg
Back To Top